Rabu, 07 Maret 2012

Lirik Lagu Sindiran Sodiq

Ngawiti Ingsun Nglaras Sindiran
Kelawan poro wong nang nduwuran
Kang Ndalanake Dana anggaran
Ojo sembrono tanpo itungan.....2x

Duh poro konco priyo waniyo
Ojo mung njabat sare'at bloko
Gur pinter janji ra iso mbkutekno
Tembe mburine rakyat seng soro....2x

Akeh kang pinter sekabehane
Seneng ngakali marang kuline
Elek'e dewe nggak di keto'ke
Padahal iku akal buluse.....2x

Gampang mbuji'i janjine goroh
Kangge menangke tuku suworo
Sarto wes lungguh neng kursi rojo
Janji janjine njur ora nyoto...2x

Ayo sedulur jo nglalekake
Karo seng ndisik milih suwarane
Ojo nggedekke wetenge dewe
Sing dukung kowe sek panggah kere....2x

Dadi pejabat ora bakal suwe
kadung wes rakyat gak ngarepake
Yen wes janjine ra di buktekne
bakal di demo di gulingake...2x

Koran lan tv podo ngabarke
pejabat maling akeh contone
Soko seng nduwur sak ngisorane
kruy'an nyunat jatah rakyate...2x

Koyo wes podo nunggu giliran
sopo sing nyolong bakal konangan
Yen dipercoyo dadi pimpinan
Kudu kang jujur lan kuat iman...2x

Kuwasane donyo ora hakiki
Ayo di jogo lan disyukuri
Yen panyuwune wes di turuti
Nang wong ngisore jo nganti lali...2x

Urep kang ayem rumongso aman
dudu mergo ono neng nduwuran
Sabar nerimo senajan pas-pasan
nyukuri takdir soko pengeran...2x

Ayo poro konco dulur lan tonggo
Kang durung bener podo ilingo
ojo di gunggung lan di jlompro'no
Siji kang olo kabeh kang soro...2x

Sindiran iki ojo dadi ati
digawe bingung lan ojo wedi
mung ngelengake kang duwe janji
mugo-mugo slamet jo nganti lali...2x
 
Untuk download silahkan Sindiran Sodiq

0 comments:

Posting Komentar

Related Posts Plugin for WordPress, Blogger...

Kyai Menjawab

logo-kyaijawab
logo-kyaijawab